Sabtu, 16 Februari 2013

KEUTAMAAN AYAT: FA IN TAWALLAU FA QUL HASBIYALLAAHU


KEUTAMAAN AYAT:

FA  IN TAWALLAU FA QUL HASBIYALLAAHU……..


Al Hafizh As Suyuthi menceritakan dalam Tafsirnya, Addurr Al- Mantsuur juz IV halaman 334:

وَأَخْرَجَ أَبُو الشَّيْخِ عَنْ مُحَمَّدِ بْنِ كَعْبٍ قَالَ
Ngeto`ake (ngriwayatake) sopo Imam Abusysyaikh saking Imam Muhammad bin Ka’ab, panjenengane ngendiko:

خَرَجْتُ سَرِيَّةً إِلَى أَرْضِ الرُّوْمِ فَسَقَطَ رَجُلٌ مِنْهُمْ
“Aku metu bareng pasukan berkuda maring tanah Rum. Mongko tibo sopo salah suwijing wong lanang saking pasukan kasebut,

فَانْكَسَرَتْ فَخِذُهُ فَلَمْ يَسْتَطِيْعُوْا أَنْ يَحْمِلُوْهُ فَرَبَطُوْا فَرَسَهُ عِنْدَهُ وَوَضَعُوْا عِنْدَهُ شَيْئًا مِنْ مَاءٍ وَ زَادٍ
mongko nuli pecah opo pupune wong lanang iku. Pasukan ora kuwoso  anggowo wong lanang iku, mongko nuli anyancang sopo pasukan ing jarane wong lanang iku ingdalem sandinge, lan podo anyelehake ingdalem sandinge ing suwiji-wiji saking banyu  lan sangu.

فَلَمَّا وَلَّوْا أَتَاهُ آتٍ فَقَالَ لَهُ : مَا لَكَ هَهُنَا
Mongko nalikone pasukan wis mungkur, mongko nekani ing wong iku sopo sawining wong ingkang nekani, deweke ngucap: “Ono opo sliramu ingdalem kene ?

قَالَ : اِنْكَسَرَتْ فَخِذِيْ فَتَرَكَنِيْ أَصْحَابِيْ 
Si wong lanang anjawab: “Pupuku pecah, aku ditinggal konco-koncoku”.

  فَقَالَ : ضَعْ يَدَكَ حَيْثُ تَجِدُ اَلْأَلَمَ
Mongko nuli ngucap sopo wong ingkang teko mau: “Nyelehno siro ing tangan iro ingdalem panggonan ingkang sliramu nemoni loro (sakit) ! ,  


  فَقُل { فَإِنْ تَوَلَّوْا فَقُلْ حَسْبِيَ اللهُ لَا إِلَهَ إِلَّا هُوَ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيْمِ }

mongko nuli mocoho siro:
FA IN TAWALLAU FA QUL HASBIYALLAAHU LAA ILAAHA ILLAA HUWA ‘ALAIHI TAWAKKALTU WA HUWA RABBUL ‘ARSYIL AZHIIM

قَالَ : فَوَضَعَ يَدَهُ فَقَرَأَ هَذِهِ الْآيَةَ فَصَحَّ مَكَانَهُ وَرَكِبَ فَرَسَهُ وَأَدْرَكَ أَصْحَابَهُ

Imam Muhammad bin Ka’ab ngendiko: “Mongko nuli anyelehake sopo wong lanang iku ing astane, nuli moco ing iku ayat, mongko saknaliko waras sopo wong lanang iku, lan numpak ing jarane lan nusul konco-koncone”.

Wallaahu A’lam